15 Desember 2009

Ngeblog dulu, Baru Tanya Manfaatnya

    Nyuwun sewu bilih irah-irahanipun mboten mawi boso Jawi, paling mboten kersane irah-irahan punika saged dipun waos dhening masyarakat Indonesia saking Sabang dumugi Merauke. Kula nekad nderek sayemboro ingkang dipun wontenaken dhening mas Yayat, sanadyan ngagem basa Jawi. Sebab wonten persyaratan peserta lomba mboten nyebataken menawi postingan kedah ngagem basa Indonesia.

clip_image002

    Masalah manfaat ngeblog, kathah tiyang ingkang nangletaken manfaatipun rumiyen. Menawi manfaatipun kirang sreg lan mboten mranani ing penggalihipun, lajeng nggeblas tinggal glanggang colong playu mboten sios ngeblog. Sebagian tiyang taksih ngukur samubarang saking manfaatipun secara finansial. Menawi wonten opahanipun ingkang awujud dolar utawi arta, nembe semangat, nanging menawi mboten, lha nggih mangkih rumiyen utawi wasalam kemawon. Sanajan blog punika nggih saged kagem pados arto, nanging menawi tujuan awalipun mekaten, biasanipun mesthi gelo, sebab supados blog menika saged ngasilaken, betah wekdal ingkang dangu.

    Sejatosipun, manfaat ngeblog punika saged dipun raosaken menawi sampun nyemplung ndamel blog, lan sesambetan kaliyan blogger-blogger sanesipun. Sansaya dangu, sansaya mbalung sungsum kanikmatan lan saged dipun raosaken manfaatipun ngeblog punika. Dhene manfaat ngeblog punika antawisipun:

  1. Nambah sedulur, sanajan tebih, dereng nate pirsa praupanipun, tetep kemawon kraos rumaket.
  2. Nambah ngelmu, kanthi ngeblog, purun mboten purun kedah sinau supados blogipun pantes kapacak wonten internet. Mulai sinau ngothak athik template, ngowahi kode HTML lan sakpanunggalanipun.
  3. nambah sangu, nha, menika biasanipun ingkang dipun uber dhening calon blogger. Nanging perlu dipun mangertosi dene sangu punika saged kagayuh kanthi perjuangan ingkang dangu. Kanthi masang pariwara, damel blog review lan sanes-sanesipun
  4. lan sak sanes-sanesipun.

    Wonten mriki perlu kula garis bawahi malih bilih manfaat ngeblog menika saged dipun raosaken menawi sampun damel blog, lajeng sesambetan lan mertamu wonten blogipun kadang sanes. Dados, menawi kepingin mangertosi manfaatipun ngeblog, nggih kedah damel blog rumiyen.

7 Comments:

Anonymous yayat38 said...

Saya hanya paham bahasa jawa, namun untuk menulisnya saya tidak bisa.
Terima kasih sudah berkenan berpartisipasi di acara saya.
Dan sudah terdaftar di urutan 13, untuk mengecek telah terdaftar silakan kunjungi http://arkasala.com/peserta-kemeriahan-di-leysbook.html
Terima kasih sekali lagi. Salam sukses selalu :)

Selasa, 15 Desember, 2009 
Anonymous andiyoyo said...

wah, sae sanget blogipun panjenengan... mergi ngagem boso jawi je... kulo dados remen rawuh wonten mriki...
Estunipun kulo tiyang bugis asli saking sulawesi kidul... nembe sinau boso jawi wiwit 3 warsa kepengker, mergi kulo nglajengaken studi wonten Jogja...
Mugi-mugi panjenengan tetep nglajengaken anggenipun nyerat blog puniko... Nuwun.
(Nyuwun pangapunten mnawi kathah atur kulo ingkang lepat, maklum nembe sinau je...)

Selasa, 15 Desember, 2009 
Anonymous Berry Devanda said...

waduh saya nggak paham ne...
pake bahasa minang boleh juga mas?

Selasa, 15 Desember, 2009 
Anonymous Anonim said...

Wah pancen leres Kamas , menawi sampun ngraosaken ngeblog .. asyiik..
dangu2 ngantos saget mbalung sungsum.

Yen kulo rumiyin ngeblog amung kangge ngempalaken lagu2 Campursari mawon , terus malah samsoyo dangu pingin nambah lintangipun malih.

Matur Suwun
Sungkem.

Selasa, 15 Desember, 2009 
Anonymous Pakne Haris said...

Kagem sedaya kadang ingkang sampun kersa paring kumentar:
@yayat38: Sampun sae saged paham maos sinaoso mboten saged nyerat, sekedhik mbaka sekedhik samangke saged sansaya prigel lan trampil mboten namung maos namung ugi nyerat.
matur nuwun sampun dipun daftar, nomer urutipun ugi sae sanget, tiga welas (13).
@andiyoyo: Boso jawi panjenengan sampun sae sanged lho, sanajan nembe nyinaoni tigang warsa. Kula piyambak malah mboten saged basa Bugis.
Matur nuwun sengkuyungipun kagem blog punika, karepipun manah nggih badhe ajeg nyerat wonten blog punika, namung pakaryan ingkang dereng saged dipun tilar
@Berry Devanda: Terimakasih mas Berry, walaupun mungkin sudah berusaha dengan susah payah tetep belum paham juga. Tapi terus terang saya kalau harus nulis dengan dengan bahasa Minang belum mampu. Mungkin harus kursus dulu.
@embun777: Sematen ugi kula, nalika nyerat blog waune nggih namung nyobi-nyobi, sansaya dangu sansaya nyengsemake. Namung kemawon, kula dereng saged mbagi wekdal, pramila mboten saged ajeg anggenipun nyerat wonten mriki.

Senin, 04 Januari, 2010 
Blogger Djoko Sableng said...

Kulonuwun Mas....

Wah, kula remen saestu lho manggihi blog basa jawi kados Blogipun Pakne Haris niki. kula niki nembe sinau basa jawi.Maklum, Pujakesuma (putra jawa kelahiran sumatra)

Sugeng tepang Mas....

Jumat, 08 Januari, 2010 
Anonymous saif said...

Matur suwun sanget penganggitipun...

Senin, 27 Maret, 2017 

Posting Komentar

<< Home


Your Ad Here