05 Agustus 2008

Pungkasanipun Kepanggih

Sampun pinten-pinten wulan kula mboten saged nambah seratan wonten blog punika, menika amargi kawula piyambak kesupen username lan passwordipun. Mugi panjenengan sami saged mangertos sebab tiyang sepuh mekaten kathah kesupenipun, sebab prosesor lan ram ipun sampun out of date, ugi kapasitas harddisk kawula pancen alit, perlu dipun upgrade malih.
Kawula namung saged nambahi seratan lan paring pesen wonten ing shoutbox mawon. Wonten shoutbox punika kula ugi sampun nyuwun tulung, sinten kemawon ingkang saged paring pitudhuh caranipun mundhut password kula. Matur nuwun dateng mas Jamal ingkang sampun paring seserepan cara mundhut password ingkang ical punika. EEEE... lha dhalah, jebul sanes passwordipun ingkang kula kesupen, nanging user name (alamat email) ipun ingkang kula kesupen. Pengalaman kawula punika saged damel seserepan dumateng panjenengan sami, supadhos mboten kathah-kathah damel alamat email. Menawi kekathahen, lha kadhos kawula punika, kesupen, alias lali. Blaik tenan menawi kadhos mekaten tho para sedherek.......
Wekdal nderek TOT wonten ing SMK 2 Kendal, ndelalah manggenipun wonten ing lab komputer ingkang full internet, sanajan mboten full AC nanging mboten punapa-punapa. (Sajatosipun kula mesakaken ibu Senior Trainer, menawi paring pangandikan sekedhik sanget malah kepara mboten wonten ingkang migatosaken, termasuk kula. Nyuwun pangapunten nggih bu... mugi-mugi panjenengan pinaringan jembar manahipun). Wonten mrika, kula saged nguthak lan uthek user name lan password kanthi bebas mardhika sebab mboten perlu wongsal-wangsul ningali billingipun. Pungkasanipun menapa ingkang ical kepanggih malih.
Kanthi saged dipun editipun blog punika, Insya Allah kawula badhe nyerat malih. Mboh samangkeh badhe wonten ingkang maos menapa mboten.

Your Ad Here