10 November 2007

Nalika kenal internet



Tembung internet punika sampun wongsal-wangsul mlebet talingan kiwa, medasl talingan tengen. Saking berita wonten radio, televisi, koran lan ugi guneman rencang. Mboten kenal wayah, enjang, siang, sonten lan ndalu. 24 jam sedinten, 7 dinten seminggu, 5 minggu sewulan, 12 wulan setaun, 8 taun sewindu, tembung internet prasasat mboten nate mundhut cuti saking thek kliwering pawartos.
Sejatosipun kula piyambak nggih dereng mudheng sanget tegesipun internet punika. Nanging, nalika kawula mirsani filem ingkang dipun bintangi dhening mbak Sandra Bullock kanthi irah-irahan THE NET, kawula gadhah pemahaman ingkan awon tumrap internet. Internet punika kados dhemit ingkang medheni. Dipun gambaraken wonten filem punika, data pribadhi tokoh pawestri ingkang manggen wonten ing pusat data komputer ingkang kesambung ing internet, dipun owahi tiyang sanes, temtu kemawon ingkang mboten tanggel jawab. Mulai asma, alamat, tanggal lahir, ugi cathetan kriminalipun dipun gantos, ingkang waune sae dados awon. Tundhanipun, tokoh kalawau dipun oyak-oyak dhening pulisi, petugas imigrasi, dinas sosial lan ugi tiyang ingkang gadhah maksud jahat kala wau.
Saksanese filem The Net, ugi tasih kathah filem ingkang gegayutan kalian internet kadosto Paycheck, lan sanes-sanesipun (kula mboten apal sedhanten irah-irahan filem wau). Wosipun, internet saged dados sarono kejahatan. Punapa ingkang wonten internet mboten wonten ingkang saged dipun rahasiaaken malih. Menawi mlebet dhateng internet, kedah siap nampi risikonipun.
Saksanesipun wau, wonten internet ugi paring kathah gambar lan informasi sarto crito kang kalebet pornografi. Gambar-gambar tiyang wadon tanpa busana, jaler wadon nembe andum katresnan, sarta crita babagan hubungan badhan ugi dipun sediaaken. Menawi ingkang mirsanai lan maos isi web wau lare ingkang dereng jangkep umuripun, lha rak nggih marakake cepet diwasa tho........
Ananging saksanesipun ingkang kula aturaken wau, nyata yen internet menika kathah ginanipun. Tuladhanipun menawi bade pados ngelmu menapa kemawon ugi sampun sumadia, badhe sesambetan kalian sinten kemawon sak jembare jagad ugi saged, saestu menawi internet punika ugi kathah manfaatipun.
Sakmenika namung kula lan panjenengan ingkang mutusi, badhe ngginakaken internet kagem ngupadhi kesaenan utawi ngupadhi keawonan.
Becik ketitik, ala ketara.
nuwun

Your Ad Here