22 November 2008

Guru Ugi Namung Manungsa

Nalika kula ningali pawartos wonten ing salah satunggaling televisi swasta 3 dinten kepengker, dipun wartosaken bilih wonten ing daerah Tapanuli, wonten salah satunggaling guru SD, sebat mawon asmanipun pak Dongkrak (mboten asma aslinipun), tumindak nerak paugeran, ngrudaparipeksa siswinipun. Tumindak punika dipun lampahi wongsal-wangsul, lan ingkang nggegirisi malih, tumindak punika dipun pirsani dhening kanca-kanca siswi wau wonten ing ngajeng kelas. Kanthi pangancam menawi siswi-siswi ingkang sampun dipun rudaparipeksa matur kalihan sinten kemawon, tiyang sepuh, guru punapa pulisi, temtu siswi wau badhe pun ukum dening pak Dongkrak. Rumaos dipun ancam, lare alit temtu kemawon mboten wantun matur sinten kemawon. Ananging, nyimpen endog bosok mesti kemawon mambu. Tiyang sepuhipun ingkang mangertosi wontening keanehan ingkang dipun alami dening putrinipun, nyuwun pirsa kalihan kanca-kancanipun sak kelas. Saking mriku, tumindakipun pak Dongkrak kawiyak. Mboten nengga gantos dinten, tiyang sepuh korban lapur dateng kantor pulisi. Pak pulisi inggal tumindak, nanging, pak Dongkrak kados sampun mangertos menawi wadinipun sampun kawiyak, pramila piyambakipun mlajar tinggal glanggang colong playu.
Ingkang ndadosaken raos mboten sekeca wonten ing manah kula inggih punika irah-irahan pawartos "Bobroknya pendidikan di Indonesai". Kados sampun mboten wonten malih guru ing Indonesia punika ingkang sae. Pancen wonten guru ingkang mboten sae rumindakipun, nanging cacahipun temtu mboten kathah. Napa malih menawi dipun prosentase antawisipun guru ingkang awon kalihan sedaya guru sak Indonesia, mesthi namung sekedhik tinimbang pejabat ingkang tumindak nyimpang kalihan sedasya pejabat sak Indonesia.
Pancen saged dipun arani apes dados guru punika, miturut kerata basa, guru punika digugu lan ditiru. Nanging kedah dipun enget ugi, guru nggih manungsa sawantah, ingkang kedunungan salah. Dados ampun digebyah uyah, menawi wonten guru ingkang salah, nyimpang, bobrok lsp, sedaya guru, cethanipun malih pendidikan wonten ing Indonesia punika bobrok.
Kagem bapak lan ibu guru, nderek mangayubagya dinten guru tahun 2008. nuwun.

Your Ad Here