09 Agustus 2008

Filem Action


Sinten ingkang mboten remen ningali filem. Para wanita remen filem jinis drama, crita ingkang saged damel luh lumeber, lan crita crita sanes ingkang tebih saking sifat kekerasan. Pancen sifating wanita punika sarwa alus lan lembut sanajan sanes lelembut.

Dene sipating pria punika umumipun (mboten sedaya) kasar lan keras (ingkang dipun remeni wanita nggih perangan ingkang keras punika). Sipat punika ugi nyebabaken filem ingkang dipun remeni piyayi kakung filem jinis action, ingkang kathah nggambaraken kepruk-keprukan, jotos-jotosan, bedhil-bedhilan, wutahing ludira, tatu arang kranjang lan sakpanunggalanipun. Filem-filem action wonten ingkang saking lebet negeri, barat (umumipun hollywood), mandarin lan bollywood.

Filem-filem action lokal menawi dipun pirsani, kirang sanget mutunipun. benten kalihan filem action saking njawi negeri. Mliginipun filem saking hollywood, mutunipun sae sanget. Ingkang nonton mesthi rumaos marem. Sedaya ingkang dipun gambaraken kados nyata lan kedadosanipun kados mboten dipun damel. Pancen wragat ingkang dipun dalaken kagem paraga pengganti (stuntman), spesial effek, swara lsp kathah sanget,pramila hasilipun nggih sae. Benten kalihan filem action lokal ingkang wragatipun cupet, hasilipun nggih temtu kemawon sakmadya.

Filem-filem action sakmenika kanthi gampil dipun tingali wonten ing TV lan kaset VCD. Filem jenis punika ugi saged dipun tingali dhening lare-lare alit. Lare-lare punika dereng saged mbentenaken antawisipun kedadean saestu punapa namung apus-apus. Tiyang sepuh kedah tansah ngrencangi putra-putranipun nalika ningali filem mliginipun jenis action. Putra jaler kula semanten ugi, remen sanget ningali filem action.

Saking sak kathahe filem action, kula piyambak paling remen kalihan filem-filemipun Jacky Chan. Amargi filem-filemipun Jacky Chan menika biasanipun tebih saking unsur pornografi. Sanesipun, wonten ing perangan akhir filem, mesthi dipun tingalaken kedadosan nalika mundhut gambar. Umpaminipun nalika olah tandhing, ingkang kadosipun tananan, nanging nalika wonten ingkang klentu, para paraga wau sami-sami gumujeng. Benten sanget kalihan wonten filemipun. Perangan punika mbiyantu sanget paring pangertosan kagem putra kula, bilih sedaya kedadosan ing filem punika namung apus-apus. Saktemenipun tiyang ingkang sami padudon lan kerengan punika rencang sae, mboten mengsahan kados wonten ing filemipun.


Kapan filem-filem sanes niru filem-filemipun Jacky Chan, kagem mbiyantu tiyang sepuh paring pangertosan putra-putranipun ingkang dereng saged mbentenaken nyata utawi namung apus-apus.

1 Comments:

Anonymous Anonim said...

matur nuwun sanget seserapanipun. kados2 langka sanget wonten blog ingkang kersa nguri2 bab basa lan kabudayan jawi. mugi rahayaua ingkang sami pinanggih, widada nirhing sambikala. nuwun.

Rabu, 12 November, 2008 

Posting Komentar

<< Home


Your Ad Here