08 Februari 2008

NASIB WARSA ENGGAL HIJRIYAH LAN JAWI


Penanggalan ingkang dipun kenal dening masyarakat Indonesia wonten tiga, Masehi, Hijriyah, Jawi lan Cina. Penanggalan Hijriyah lan Jawi menika prasasat mboten wonten bedhanipun kejawi angka tahunipun, penanggalan Jawi langkung kathah tinimbang penanggalan Hijriyah. Pramila, wonten tigang prengetan warsa enggal, warsa enggal Masehi ingkang dhawah tanggal 1 Januari, warsa enggal Hijriyah lan Jawi ingkang dhawah tanggal 1 Muharram / 1 Suro, lan warsa enggal Cina utawi asring kasebat Imlek (nyuwun pangapunten, kula mboten paham sistem penanggalan Cina, warsa enggal menika dhawah tanggal 1 wulane punapa. Menawi sedherek-sedherek wonten ingkang mangertos, mangga saged paring seserepan kagem kula ingkang cubluk punika).

Saben prengetan warsa enggal, pemerintah Indonesia netepaken dinten punika dinten libur nasional. Wonten ing tanggalan utawi almanak kacithak kanthi werni abrit. Prengetan warsa enggal Masehi dipun prengeti kanthi gumebyar. Wonten ing TV-TV, hotel, restoran, lapangan-lapangan dipun wontenaken perayaan arupi pentas musik, pesta kembang api, nyebul trumpet lsp. Wonten TV lan radio nggih mboten kalah meriah, artis-artis terkenal dipun dugekaken kagem damel semarakipun warsa enggal. Enem, sepuh, jaler, wadon sedaya mahargya dhatenge warsa enggal 1 Januari.

Perayaan Imlek utawi warsa enggal Cina ugi mboten kalah meriah. Mercon, barongsai, angpao, lampion lsp mboten nate kantun ndherek mangayubagya duginipun warsa enggal. Wonten acara TV, prasasat sedhaya stasiun TV ngumandhangaken meriahipun prengetah perayaan Imlek. Nuansa (basa Jawinipun napa nggih?) Cina ketawis sanget wonten ing layar kaca TV. Abrit, lampion lan barongsai. Para pawartos lan para pranata adicara ingkang njedhul mesthi mboten kesupen ngagem busana Cina. Filem-filem Mandarin ugi tansah dipun setel ngantos setunggal minggu kagem mrengeti tahun baru Imlek punika. Ingkang mrengeti mboten warga etnis keturunan Cina kemawon, tiyang Jawi nggih mboten sekedhik ingkang ndherek mangayubagya warsa enggal Imlek.

Lajeng pripun nasibipun warsa enggal Hijriyah lan Jawi? Mrihatinaken. Sepi saking perayaan lan ugi saking pemberitaan. Pancen warsa enggal Hijriyah lan Jawi punika mboten idhentik kalihan keramean, nanging langkung caket kalihan mawas dhiri, mbiji tumindak ingkang sampun dipun lampahi wekdal setahun ingkang sampun kalampah, kagem kaca benggala sangunipun gesang wonten warsa ingkang badhe dhateng. Hijriyah ugi ngemu teges pindhah, saking samubarang ingkang kirang sae tumuju tumindhak ingkang sae. Sakperangan tiyang Jawi nyambut dhatengipun warsa enggal kanthi lek-lekan, kungkum lsp. Wekdhal ingkang sae kagem njamasi pusaka. Nanging, pawartos ngenani warsa enggal Hijriyah lan Jawi wonten ing media massa benten sanget kalihan prengetan warsa enggal sanesipun. Menawi panjenengan mirsani TV wekdal prengetan warsa enggal Hijriyah lan Jawi, prasasat mboten wonten bentenipun kalihan adicara ingkang dipun siyaraken kaliah dinten sanesipun. Menawi kula kepareng mbiji, media massa Indonesia khususipun TV sampun tumindak jahat kanthi perlakuan ingkang mboten sami antawisipun warsa enggal Hijriyah lan Jawi kalih warsa enggal sanesipun. Kados warsa enggal Hijriyah lan Jawi punika mboten wonten, mboten dipun reken. Kangmangka, tiyang Islam wonten ing Indonesia punika paling kathah (mayoritas). Tiyang Jawi ing Indonesia ugi langkung kathah tinimbang tiyang saking suku lan etnis sanesipun. Nanging kenging punapa kok tiyang Islam lan Jawi ingkang kathah cacahipun mboten saged paring warna wonten ing prengetan warsa enggalipun.

Sedhih ati punika menawi ningali dhene tiyang Islam kathah ingkang mboten mangertos kalihan warsaipun, napa malih kok mrengeti. Semanten ugi tiyang Jawi kathah ingkang mboten mangertos kalihan penanggalan Jawi. Warsa enggal Hijriyah lan Jawi lumampah tanpa prengetan, tanpa pemberitaan. Warsa enggal utawi warsa lawas, sami mawon, mboten wonten bentenipun. Langkung mangertos penanggalan Masehi lan Cina tinimbang penanggalanipun piyambak. Langkung remen mahargya warsa enggal Masehi lan Imlek tinimbang mahargya warsa enggal Hijriyah lan Jawi.

Sinten malih ingkang badhe mrengeti, lan mangertos wontenipun penanggalan Hijriyah lan Jawi kejawi tiyang Islam utawi tiyang Jawi piyambak.

2 Comments:

Blogger SeeHarrie said...

Salam kenal Pakne.
Kulo remen kalian blog panjenengan, awit kulo saget belajar basa jawi.

Jumat, 15 Februari, 2008 
Anonymous Anonim said...

pakneharis, menawi kuncinipun weblog mboten kimutan panjenengan saged manfaataken fasilitas meniko http://www.blogger.com/forgot.g panjenengan tinggal nglebetaken alamat email panjenengan wonten ing kotak bagian ngandap, mangkih panjenengan bade angsal email balesan sangking google / blogger ingkang isinipun kunci enggal.
Mugi-mugi panjenengan mboten kesupen kunci email ipun panjenengan.

salam,
masjamal
@ http://masjamal.blogdetik.com/

Sabtu, 12 Juli, 2008 

Posting Komentar

<< Home


Your Ad Here