25 November 2007

Mengapa Jawa (sanes Mengapa Dua, niku lagu ndangdut)

Mbokmenawi panjenengan gumun, kok nggih tasih wonten tiyang ingkang nyerat blog mawi basa Jawi. Mesthi menika tiyang ndesa, kuno, ketinggalan jaman, mboten umum, lan sanes-sanesipun. Kula piyambak sakjane nggih bingung, mutusi basa kangge nyerat wonten blog mriki. Badhe ngagem basa Inggris, rasane kok kirang pas. (sithik sithik kula nggih mboten saged basa Inggris lho :b ). Badhe ngagem basa Indonesia, kadhosipun kok sampun kathah, tur kirang keren miturut kula. Lajeng kula putusi menawi blog menika ngagem basa Jawi. Menawi dipun sawang kadose nggih melawan arus, nanging mboten mangertos kula kok rumaos bombong nyerat ngagem basa Jawi.
Kula sadhar, sak sadhar sadharipun, menawi blog basa Jawi ngoten mboten bade kondhang, mboten kathah tamunipun, paling nggih mung dipun waos piyambak, kalamangsa anak lan bojo ingkang dipun kengken maos. Lha pripun malih, tinimbang kula ndamel blog ingkang bertentangan kalih ati sanubari kula piyambak, kula terusaken mawon ngagem basa Jawi. Idhep-idhep nguri-uri kabudayan Jawi, supados tiyang Jawi mboten ical Jawinipun.
Wondhene postinganipun nggih napa wontene kemawon, wong babagan komputer niku kula nggih mboten patosa prigel. Sampun kathah mas-mas lan mbak sarta bapak-bapak ingkang andhum ngelmu babagan komputer wonten blogipun. Raosipun kok kula niku cubluk lan bodho sanget babagan komputer nalika kepanggih mas-mas, mbak-mbak lan bapak-bapak wau. Badhe kula alih basakaken, nanging kula kok mboten wantun menawi mangkih malah dipun kinten melanggar kekayaan intelektual. Pungkasane lha namung menika ingkang saged kula serat, caturan ngalor ngidul, ngetan bali ngulon, sakpenake kula piyambak. (Nek tak raosaken kok malah kados wong edan nggih :D )
Mbok menawi para maos wonten kabar ngenani blog ingkang ugi ngagem basa Jawi, keparenga kula dipun paringi ngertos, khususipun saking tanah Jawi, langkung sae malih menawi wonten ingkang saking Suriname, negara Walanda utawi negara pundi kemawon. Kula rumaos matur nuwun sanget menawi wonten blog ingkang sak nasib lan sakpenanggungan kaling blog niki.

1 Comments:

Blogger Lugaz said...

sak derenge kulo haturaken sugeng menopo mawon....pak lik...
pokoke blognya is goooood

Kamis, 07 Mei, 2009 

Posting Komentar

<< Home


Your Ad Here