22 November 2007

Nyerat Blog

Pancen nyata, yen nyerat wonten blog menika benten sanget kaliyan nyerat wonten media sanesipun. Kados seratan kawula punika, menawi dipun waos, napa malih panjenengan, kula piyambak nalika maos seratan kula nggih ngguyu, raosipun kok wagu, lucu lan saru. Nanging sanajan awon, tetep kemawon seratan punika dipun publikaseaken mboten namung saindhenging nuswantoro, nanging ugi ngantos manca nagari. Menika hebatipun blog. Saben tiyang saged ngedhalaken isi atinipun kanthi bebas merdhika.
Umpamanipun seratan kawula menika dipun paringaken wonten ing layang kabar utawa kalawarti, mesthi kemawon mas redaktur langsung mendhet korek lan dipun sumet seratan kawula ngantos lebur ajur mumur dados awu. Sebab, menawi dipun pikir, seratan menika isinipun ngalor kalih ngidul mboten wonten tujuanipun kadostho layangan ingkang pedhot. Lha pripun malih tho mas/mbak/pak/bu/mbah/eyang/dhik, saged kawula nggih namung menika. Bejanipun kok wonten blog, kadostho www.blogger.com punika, kula saged nyerat menapa ingkang kepingin kula serat, punapa ingkang njedul saking saklebeting ati, muncrat saking akal lan pikiran kula, kanthi jaminan mesthi badhe dipun publikaseaken sak ngalam ndonya. Sanajan ugi mboten wonten jaminan wonten tiyang ingkang maos. Menawi panjenengan maos seratan punika mbok menawi merga panjenengan kesasar. Nanging umpama mboten wonten ingkang maos, nggih mboten menapa-menapa, mangkih tak waos piyambak sanes wekdal. Sebab kula nggih ngrumangsani, tiyang cubluk ingkang gadhah gegayuhan gedhuwuren, go public lewat internet.
Sejatosipun kula nggih nate ndamel blog wonten multiply lan wordpress. Nanging mandheg sarana dhananipun ingkang cupet. Ati karep bandha cupet. Jer basuki mawa bea. Dhene blog menika saged kawujud karana sekolahan panggenan kawula nyambut damel tumbas chip XL khusus internet. Sayangipun kok mung setunggal wulan thok, wong namung damel pembelajaran murid-murid. Kula sedhih sanget, saksampunipun telas wulan punika taksih saged nyerat wonten blog menika malih napa mboten. Dongakke mawon nggih para maos, kula pinaringan rejeki kagem lengganan internet piyambak. (salahe internet kok larang).
Oh ... nggih nyuwun pangapunten nggih kula kok malah nglantur anggenipun ngudarasa. Wangsul malih dhateng masalah blog, saking bebasipun tiyang nyerat wonten ing blog, wonten ugi tiyang ingkang nyerat tanpa dipun landesi raos tanggung jawab. Kula nate mbikak salah satunggaling blog (mboten perlu kula sebut) ingkang isinipun gambar-gambar porno. Cilaka sanget yen kebebasan blog dipun manfaataken ingkang mboten-mboten. Temtu kemawon nerak paugeraning negara lan agami, nggih tho..?
Nanging kula nggih salut (basa jawinipun napa nggih?) taksih wonten tiyang ingkang nyerat blog kanthi tujuan nyebaraken ngelmunipun, tiyang sanes saged antuk ngelmu saking blog menika, contonipun wonten edittag.blogger.com, lan sanes-sanesipun ingkang mboten saged kula sebat setunggal lan setunggalipun.
Mugi-mugi, kanthi nyerat wonten ing blog, saged damel sarana andum ngelmu. Nanging nyuwun sewu, kula piyambak namung ngangsu ngelmu saking blog-blog tiyang sanes, sebab kemampuan kula nggih namung menika. Mugi-mugi ingkang nyerat blog kagem kesaenan tansah pinaringan rahmatipun Gusti, ingkang nyerat lan pasang gambar porno wonten blog pinaringan eling, sadar, lan ngowahi isi blogipun. amin.

Your Ad Here