04 Agustus 2010

Siyam

Sampun sakwetawis dangu, kula mboten nyerat wonten blog punika. Pakaryan ingkang sampun dados tanggel jawab kula, mboten tega menawi kula tilar namung kagem ngopeni blog punika. Badhe pados wekdal, nyempil-nyempil wekdal, kok nggih dereng wonten ingkang pas. Pungkasanipun lha nggih kados punika, blog mboten kopen ngantos pinten-pinten wekdal.

Wekdal punika, kula peksa nyerat, mboh mangkih kados pundi uninipun, ingkang wigati wonten seratan enggal, supados mboten ketingal menawi ingkang nggadahi blog punika sampun tinggal glanggang colong playu. Sakmangkih menawi dangu mboten ditingali, jarene tiyang sepuh mangkih saged dinggeni gendruwo, hiiiiii ......

Kleresan menika nyedaki wulan siyam utawi Romadhon, kula ngilingaken mliginipun kagem kula piyambak, supados enggal enggal ngawontenaken persiyapan. Sanajan siyam Romadhon punika rutinitas ingkang kedah dipun lampahi saben tahun. Menawi saged nggih kuwalitasipun dipun tingkataken, sampun ngantos kuwalitas siyam tahun punika sami utawi malah langkung awon tinimbang siyam tahun kepengker.

Menawi namung nyegah napsu dhahar, ngunjuk utawi kempal kalihan garwa menika kula kinten mboten awrat. Langkung entheng tinimbang nalika nglampahi siyam sunah kados siyam Senen Kemis utawi siyam sanesipun. Sebab, kathah tiyang wonten ing wulan Romadhon sareng sareng ngalmpahi siyam. Nanging, nyegah napsu sanes kados srei, dengki, ngglendhengi awone tiyang, ingkang tuwuh saking sakjeroning ati, ngantos kawedal wontening lathi menika sing uangelipun mboten memper. Pramila leres ngendikanipun kanjeng Nabi, menawi siyam menika ganjarene kados nderek perang mbelani agama utawi negara.

Mugi-mugi siyam tahun menika, kula lan panjenengan saged nglampahi kanthi sae, lan sak sampunipun wulan Romadhon saged wangsul malih dados tiyang enggal ingkang langkung sae, amin.

Your Ad Here