08 Februari 2008

ISUK TEMPE SORE DELE


Kagem tiyang Indonesia, mesthi kemawon sampun asring mireng, persa lan dhahar tempe. Tempe saged dipun damel lawuh anggenipun dhahar, ugi saged damel cemilan. Tempe goreng, sanajan namung dipun goreng, raosipun nggih sampun eco, napa malih menawi tambah dipun bumboni dados mendhoan, miturut pak Bondan Winarso raosipun mak nyyussss.....

Tiyang Indonesia umumipun dhahar tempe, paling mboten kaping setunggal pendhak minggunipun. Sebab regine murah tur nggih nilai gizinipun kathah. Tempe saged dipun damel sumber protein nabati. Nilai gizi tempe meh sami daging. Nanging tempe mboten bakal dipun temoni wonten ing restoran-restoran ageng utawi hotel berbintang. Sebab tempe idhentik kalihan panganan tiyang mboten gadhah, mboten pantes dipun sogataken wonten ing restoran utawi hotel berbintang.

Tempe ugi nggadhahi konotasi ingkang awon. Tuladhanipun ukara "mental tempe". Mental tempe ngemu teges menawi tiyang menika jirih, mboten kendel, gampil luntur semangatipun, mboten wantun ngadhepi tiyang sanes utawi ngadhepi kahanan. Tiyang ingkang gadhah mental tempe temtu kemawon mboten bakal saged maju lan mboten saged berkembang. Jalaran saking konotasi awon tumrap si tempe wau, tiyang kathah ingkang mboten nggadhahi selera dhahar tempe, mbok menawi ajrih menawi mentalipun dados mental tempe. Utawi saged ugi ajrih menawi drajatipun utawi ajining dhiri mandhap amarga dhahar tempe. Wonten malih paribasan "esuk dhele sore tempe", ingkang tegesipun tiyang ingkang remen mencla mencle. Tempe sami kalih mencla mencle.

Wonten ing wulan Januari 2008, regi dele mindhak ngantos udakara 100 %. Sakperangan kathah dele ingkang sumebar ing Indonesia punika dipun dugekaken saking manca, kadosta saking negari Amerika. Wekdal punika Amerka nembe nemahi krisis, pramila dele ingkang badhe dipun kintun wonten ing Indonesia mboten saged lancar, lan dele dados barang ingkang langka, reginipun lajeng mumbul.

Dele menika bahan kagem damel tempe. Temtu kemawon menawi tempe reginipun nggih ndherek mindak, ukuranipun suda sansaya alit, lan barangipun nggih angel dipun padosi. Sebab, tiyang ingkang damel tempe mboten kiyat kulak dele ingkang reginipun mboten mundhak malih, nanging gantos regi. Wonten Jakarta tiyang ingkang gadhah usaha damel tempe ngantos demo lan mogok mboten damel tempe. Sebab kanthi awisipun regi dele, pabrik tempe mboten saged damel tempe malih.

Kalodhangan punika kedah saged dipun waos dening para among tani. Bilih nanem dele punika saged ngasilaken. Reginipun awis lan tasih arang tiyang ingkang ngginakaken kesempatan punika. Kagem para mudha ingkang nembe pados pakaryan, mangga nyobi tetanen. Makarya ngupaya jiwa mboten kedah dados pegawe utawi karyawan. Dados petani uga mboten ina.

Menawi dipun tingali, wekdal sakpunika sampun langka sanget nem-neman ingkang kepingin dados tiyang tani. Mboten wonten lare alit ingkang nggadhahi gegayuhan (cita-cita) dados tiyang tani. Kadosipun, pakaryan tani punika andhap sanget drajatipun. Sakmenika ingkang taksih kersa njegur sawah, ngolah siti biyasanipun ingkang sepuh-sepuh. Saksampunipun tiyang sepuh-sepuh punika seda, umumipun anak putunipun mboten kersa nerusaken tetanen. Sawah utawi tegalanipun dipun sade, damel tumbas kendaraan utawi sanesipun.

Mboten saged dipun bayangaken 10 tahun malih, regi-regi bahan pangan. Menawi lahan tetanen sansaya ciut, dene ingkang saya ngrembaka pabrik kaliyan perumahan, ingkang dipun bangun sak inggile siti persawahan utawi tegalan. Bahan pangan kadosto beras, dele lan sakpanunggalanipun kedah dipun kintun saking manca (impor). Menawi pangan mawon dipun impor, kiamat bangsa Indonesia sampun caket, negari sanes saged gampil anggenipun ndhikte negara niki.

Pramila, ingkang taksih gadhah siti ingkang arupi sawah utawi tegalan, mangga dipun jagi tetep saged dados lahan ingkang produktif, sampun ngantos dipun gantos fungsinipun. Ingkang kagungan rejeki kathah, mangga sami mundhut siti sawah utawi tegalan lan dipun ginakaken kagem tetanen. Mugi-mugi, Indonesia saged swasembada pangan, mirah sandang mirah pangan, gemah ripah loh jinawi.

1 Comments:

Blogger Djoko Sableng said...

Wah, kulo kalebet pandhemen tempe lho pak Guru....

Sabtu, 09 Januari, 2010 

Posting Komentar

<< Home


Your Ad Here