01 Desember 2007

Pemanasan Global


Gambar menika mboten dipun damel/rekayasa. Pancen menawi siang putra kula menika remen sanget tilem kanthi nglebetaken sirahipun wonten lemari es, margi griya kula pancen dereng saged pasang Air Conditioner utawi AC. Pramila, tilem wonten nglebet lemari es menika kados tilem wonten ruangan ingkang wonten AC nipun.


Menawi kula panjenengan raosaken, pancen suhu udara menika sansaya dhangu sansaya tambah benter/panas. Wonten daerah asal kula ingkang nggadahi inggil sekitar 1000 m dpl, rumiyen kraos asrep sanget. Nanging sakmenika, menawi kula wangsul dateng daerah asal kula, raosipun sumuk sanget, panas. Semanten ugi wonten dhaerah pesisir raosipun saya dangu ugi sansaya panas mawon.


Wonten daerah ingkang iklimipun sedang, kadosta wonten ing negari-negari eropah, hawa panas menika ngantos nemahi korban pejah. Korban pejah menika amargi mboten kiyat ngempet raos panas. Hawa panas lan adhem wonten daerah menika tebih sanget bentenipun. menawi adhem ngantos sakngandhape 0 derajat celcius, nanging menawi panas ngantos langkung saking 50 derajat celcius.


Panase ngalam ndonya menika menawi dipun tingali sejatosipun nggih dipun damel dening manungsa piyambak. Makhluk sanes mboten wonten sangkut pautipun kalih pemanasan global punika. Tingkah polah manungsa ingkang dados penyebab pemanasan global menika kadosto:
1. Industrialisasi2. Transportasi
3. Risakipun lapisan ozon
4. Pengrusakan alas.


Industrialisasi menika ngedahaken wontene mesin-mesin ingkang ngasilaken polusi arupi gas carbon dioksida, karbon monoksida lan gas gas sanes nderek nyebabaken hawa sansaya panas. Sarana transportasi dharat, laut lan angkasa ugi ngasilaken polusi. Kangmangka sakmenika jumlah alat transportasi menika mboten sansaya sekedhik, nanging sansaya kathah. Lapisan ozon menika lapisan udara ingkang saged nyegah mlebetipun radiasi saking srengenge ingkang mboten dipun ginakaken. Lapisan menika minangka songsong/payung kegem ngayomi sakkabehing mahluk supados mboten kepanasen. Nanging menawi payung punika sampun risak/bolong-bolong, mesthi kemawon radiasi panas saking sang surya tembus ngantos bumi. Ingkang dipun kawatiraken malih menawi pemanasam menika ngajeraken es ingkang wonten kutub lor/kidul. Temtu kemawon menawi es kutub ajer, toya segara badhe minggah, lan kathah daratan ingkang kleleb. Risakipun lapisan ozon menika paling kathah dipun sebabaken gas freon ingkang saged ngrisak gas ozon. Dene gas freon wau, kathah dipun ginakaken wonten ing AC, lemari es, alat-alat semprot lsp. (Kulkas kula non CFC/freon).


Alas menika kados paru-parunipun donya. Ginanipun kejawi kagem nyimpen toya udan, ugi kagem nyaring lan ngresiki udara ingkang reged lan ngandhut polutan. Menawi alas menika sansaya sekedhik, artosipun paru-paruning donya sansaya alit, pramila mboten saged nyaring polutan saking udara.


Sumangga sakmenika kula panjenengan ndherek ngupaya pemanasan global menika mboten kedlarung-larung kanthi cara-cara ingkang saged kula panjenengan lampahi. Umpamanipun ngirangi ngginakaken kendharaan bermotor, ngirangi ngginaaken freon, lan nganakaken penghijauan kanthi nanem taneman wonten lingkunganipun piyambak piyambak.


Seratan menika kagem nyengkuyung wontenipun Konverensi Perubahan Iklim ingkang dipun wontenaken dening PBB ing Nusa Dua Bali, tanggal 3 Desember 2007.

2 Comments:

Blogger Unknown said...

sugeng tepang pakne. sumangga kula aturi lampah-lampah ing pekarangan kula :D

Selasa, 18 Desember, 2007 
Blogger BAMBANG TRI NUGROHO said...

Tingkah laku putra panjenengan "Ono-ono bae..." (Hehehe...koyo judul rubrike majalah basa Jawa "Jaya Baya" bae..)

Nuwun sewu.. Nyuwun ngapunten sakderengipun kula mboten saget basa Jawa kanti leres.(hehehe.. jadi tanpa mengurangi rasa hormat, saya pakai bahasa Indonesia saja)

Ada rasa KANGEN pengin menikmati budaya Jawa yang Adi Luhung, sayang semua sudah mulai hilang.

Saya asli Nganjuk, yang sejak kecil dibesarkan dengan tradisi Jawa yang masih kental. Sejak 2001 tinggal di Surabaya.

Dan anehnya.... hanya dalam beberapa tahun tadi, saya sudah mulai tidak bisa menggunakan bahasa jawa dengan lancar... (mungkin ini diperparah karena sudah sangat minim orang yang menggunakan bahasa jawa baik kromo madya maupun kromo inggil, dan bahasa jawa yang ada di Surabya juga agak 'aneh' dan terkesan 'kasar')

Seneng banget (bisa menikmati sesuatu yang sudah mulai hilang tadi) baca2 di blog panjenengan..



Oh ya...
Tadi pagi ada berita di tv, Wali kota Surabaya mulai menggagas akan memberlakukan hari khusus untuk menggunakan bahasa Jawa.. Hampir semua kepala sekolah smp dan sma dikumpulkan dan diajak mensosialisasikannya...

Semoga bisa terlaksana..


Sampun kesupen mampir dateng blog kula....

Selasa, 15 Januari, 2008 

Posting Komentar

<< Home


Your Ad Here