15 Desember 2009

Ngeblog dulu, Baru Tanya Manfaatnya

    Nyuwun sewu bilih irah-irahanipun mboten mawi boso Jawi, paling mboten kersane irah-irahan punika saged dipun waos dhening masyarakat Indonesia saking Sabang dumugi Merauke. Kula nekad nderek sayemboro ingkang dipun wontenaken dhening mas Yayat, sanadyan ngagem basa Jawi. Sebab wonten persyaratan peserta lomba mboten nyebataken menawi postingan kedah ngagem basa Indonesia.

clip_image002

    Masalah manfaat ngeblog, kathah tiyang ingkang nangletaken manfaatipun rumiyen. Menawi manfaatipun kirang sreg lan mboten mranani ing penggalihipun, lajeng nggeblas tinggal glanggang colong playu mboten sios ngeblog. Sebagian tiyang taksih ngukur samubarang saking manfaatipun secara finansial. Menawi wonten opahanipun ingkang awujud dolar utawi arta, nembe semangat, nanging menawi mboten, lha nggih mangkih rumiyen utawi wasalam kemawon. Sanajan blog punika nggih saged kagem pados arto, nanging menawi tujuan awalipun mekaten, biasanipun mesthi gelo, sebab supados blog menika saged ngasilaken, betah wekdal ingkang dangu.

    Sejatosipun, manfaat ngeblog punika saged dipun raosaken menawi sampun nyemplung ndamel blog, lan sesambetan kaliyan blogger-blogger sanesipun. Sansaya dangu, sansaya mbalung sungsum kanikmatan lan saged dipun raosaken manfaatipun ngeblog punika. Dhene manfaat ngeblog punika antawisipun:

  1. Nambah sedulur, sanajan tebih, dereng nate pirsa praupanipun, tetep kemawon kraos rumaket.
  2. Nambah ngelmu, kanthi ngeblog, purun mboten purun kedah sinau supados blogipun pantes kapacak wonten internet. Mulai sinau ngothak athik template, ngowahi kode HTML lan sakpanunggalanipun.
  3. nambah sangu, nha, menika biasanipun ingkang dipun uber dhening calon blogger. Nanging perlu dipun mangertosi dene sangu punika saged kagayuh kanthi perjuangan ingkang dangu. Kanthi masang pariwara, damel blog review lan sanes-sanesipun
  4. lan sak sanes-sanesipun.

    Wonten mriki perlu kula garis bawahi malih bilih manfaat ngeblog menika saged dipun raosaken menawi sampun damel blog, lajeng sesambetan lan mertamu wonten blogipun kadang sanes. Dados, menawi kepingin mangertosi manfaatipun ngeblog, nggih kedah damel blog rumiyen.


Your Ad Here